news

Daerah

Bola

Sport

Gaya Hidup

Video

Tvone

Ilustrasi peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW 1448 H.
Sumber :
  • Ilustrasi AI/ChatGPT

Teks Pidato Ceramah Maulid Nabi Muhammad SAW 1448 H 2026 Bahasa Jawa Singkat

Berikut contoh teks pidato/ceramah peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW 1448 H/2026 dalam bahasa Jawa singkat.
Jumat, 21 Agustus 2026 - 11:03 WIB
Reporter:
Editor :

tvOnenews.com - Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW menjadi salah satu momen yang banyak dimanfaatkan umat Islam untuk mengenang kelahiran Rasulullah SAW sekaligus meneladani akhlak dan perjuangan beliau dalam menyebarkan ajaran Islam.

Dalam berbagai kegiatan Maulid Nabi, seperti pengajian, acara di masjid, sekolah, maupun lingkungan masyarakat, ceramah menjadi salah satu rangkaian yang tidak terpisahkan. 

Materi ceramah pun dapat disampaikan dalam berbagai bahasa, termasuk bahasa Jawa agar lebih mudah dipahami oleh masyarakat setempat.

Bagi yang sedang mencari referensi, berikut contoh teks pidato ceramah Maulid Nabi Muhammad SAW 1448 H/2026 bahasa Jawa singkat yang dapat digunakan untuk acara pengajian, peringatan Maulid Nabi SAW, maupun kegiatan keagamaan lainnya.

Teks Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Para Bapak, para Ibu, saha para rawuh sedaya ingkang kula hormati.

Sepisanan, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT. Amargi kanthi hidayah, inayah, rahmat, saha nikmatipun, kita saged makempal wonten ing majelis punika kanthi sehat wal afiat.

Para rawuh ingkang kula hormati,

Ing wekdal punika, sumangga kita niyataken rawuh ing majelis punika minangka ibadah dhumateng Allah SWT, saha minangka wujud ta’dzim lan rasa tresna kita dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW minangka utusan Allah lan pemimpin umat ingkang dipun paringi kaluhuran akhlak. Mugi kita sedaya saged pikantuk rahmat lan syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing dinten kiamat. Amin.

Para rawuh ingkang kula mulya,

Kanjeng Nabi Muhammad SAW menika salah satunggaling manungsa ingkang kagungan sifat lan akhlak ingkang paling sampurna. Salah satunggaling sifat ingkang paling misuwur yaiku kejujuranipun. Awit saking punika, masyarakat Arab maringi gelar Al-Amin, ingkang tegesipun tiyang ingkang saged dipun percaya.

Allah SWT ugi sampun nerangaken kaluhuran akhlak Kanjeng Nabi wonten ing Al-Quran Surah Al-Qalam ayat 4:

وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ

Tegesipun:
“Lan satemene sira iku temen-temen nduweni budi pekerti kang agung.”

Para Bapak lan Ibu ingkang kula hormati,

Kanthi akhlak ingkang mulya, Kanjeng Nabi Muhammad SAW saged mbangun lan ngowahi masyarakat Arab saking jaman jahiliyah tumuju jaman Islamiyah.

Saderengipun rawuhipun Kanjeng Nabi, masyarakat Arab kathah ingkang gesang tebih saking tuntunan Allah. Kathah ingkang nyembah brahala, ngombe khamr, judi, lan tumindak awon sanesipun. Kahanan punika minangka gambaran masyarakat ingkang dereng mangertos kanthi leres babagan kabeneran, halal lan haram.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW lajeng rawuh kanthi nggawa ajaran Islam lan nyampurnakaken akhlak manungsa. Kanjeng Nabi ngendika:

إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلَاقِ

Tegesipun:
“Satemene aku diutus kanggo nyampurnakake akhlak kang mulya.”

Para rawuh ingkang kula hormati,

Saking piwulang punika, kita saged njupuk hikmah bilih Maulid Nabi boten namung minangka acara kangge mengeti kelairan Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Nanging, langkung saking punika, Maulid Nabi saged dados momentum kangge mawas diri lan ningkataken kualitas akhlak kita.

Kita saged miwiti saking perkawis ingkang sederhana, kados dene tansah jujur, saged dipercaya, ngajeni tiyang sepuh, ngurmati guru, nyambung tali silaturahmi, lan remen nulungi sesami.

Para rawuh ingkang kula mulya,

Ajaran lan akhlak Kanjeng Nabi Muhammad SAW boten namung kangge bangsa Arab, nanging kangge sedaya umat manungsa ing saindenging alam.

Allah SWT ngendika wonten ing Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat 107:

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

Tegesipun:
“Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad), kajaba kanggo dadi rahmat tumrap alam kabeh.”

Ayat punika ngandharaken bilih rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW minangka rahmat tumrap sedaya alam. Mula, minangka umatipun, kita kedah ngupadi supados saged niru akhlak lan tuntunanipun ing gesang saben dinten.

Aja nganti kita namung sregep ngucapake shalawat, nanging dereng ngupadi niru akhlakipun. Aja nganti kita namung remen ngrungokake crita perjuangan Kanjeng Nabi, nanging boten purun ngetutaken piwulangipun.

Mugi kanthi mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW 1448 H punika, rasa tresna kita dhumateng Kanjeng Nabi saya tambah. Mugi kita saged ngetutaken sunnahipun, niru akhlakipun, lan mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing dinten kiamat.

Para rawuh ingkang kula hormati,

Kinten-kinten cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten tembung ingkang kirang mranani ing manah, kula nyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

(gwn)

 

Berita Terkait

Topik Terkait

Saksikan Juga

05:09
01:16
02:10
01:03
02:12
01:30

Viral