Teks Pidato Ceramah Maulid Nabi Muhammad SAW 1448 H 2026 Bahasa Jawa Singkat
- Ilustrasi AI/ChatGPT
Para Bapak lan Ibu ingkang kula hormati,
Kanthi akhlak ingkang mulya, Kanjeng Nabi Muhammad SAW saged mbangun lan ngowahi masyarakat Arab saking jaman jahiliyah tumuju jaman Islamiyah.
Saderengipun rawuhipun Kanjeng Nabi, masyarakat Arab kathah ingkang gesang tebih saking tuntunan Allah. Kathah ingkang nyembah brahala, ngombe khamr, judi, lan tumindak awon sanesipun. Kahanan punika minangka gambaran masyarakat ingkang dereng mangertos kanthi leres babagan kabeneran, halal lan haram.
Kanjeng Nabi Muhammad SAW lajeng rawuh kanthi nggawa ajaran Islam lan nyampurnakaken akhlak manungsa. Kanjeng Nabi ngendika:
إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلَاقِ
Tegesipun:
“Satemene aku diutus kanggo nyampurnakake akhlak kang mulya.”
Para rawuh ingkang kula hormati,
Saking piwulang punika, kita saged njupuk hikmah bilih Maulid Nabi boten namung minangka acara kangge mengeti kelairan Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Nanging, langkung saking punika, Maulid Nabi saged dados momentum kangge mawas diri lan ningkataken kualitas akhlak kita.
Kita saged miwiti saking perkawis ingkang sederhana, kados dene tansah jujur, saged dipercaya, ngajeni tiyang sepuh, ngurmati guru, nyambung tali silaturahmi, lan remen nulungi sesami.
Para rawuh ingkang kula mulya,
Ajaran lan akhlak Kanjeng Nabi Muhammad SAW boten namung kangge bangsa Arab, nanging kangge sedaya umat manungsa ing saindenging alam.
Allah SWT ngendika wonten ing Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat 107:
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ
Tegesipun:
“Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad), kajaba kanggo dadi rahmat tumrap alam kabeh.”
Ayat punika ngandharaken bilih rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW minangka rahmat tumrap sedaya alam. Mula, minangka umatipun, kita kedah ngupadi supados saged niru akhlak lan tuntunanipun ing gesang saben dinten.
Aja nganti kita namung sregep ngucapake shalawat, nanging dereng ngupadi niru akhlakipun. Aja nganti kita namung remen ngrungokake crita perjuangan Kanjeng Nabi, nanging boten purun ngetutaken piwulangipun.
Load more